Mar 26th, 2008
Hmm…. Endonesia Timur!
Ganu-ganu tah nyong nelangsa banget pas awal-awal penempatan neng kene. Kayonge koh urip rekasaya banget. Wong urip neng kampung ben wis susah, ketambahan ngrantau tekan Endonesia Timur. Tapi mungkin wis dadi garising urip. daripada tulung-tulung lan nggresula ora uwis-uwis, mending “menikmati” apa sing ana. Bener apa ora kaya kuwe?

Nah, mumpung rame-rame ribut-ribut soal kenaikan rega BBM, neng kene misale, aku iseng-iseng takon-takon rega BBM neng Ternate.
Nek lenga latung alias minyak tanah sih normale neng kene ya Rp. 4000 tekan 4500, kawit ganu pancen regane semono. nah neng gas sing nggo masak, dudu sing metu sekang silit, neng kene isine baen nganti Rp. 150.000!!! Lha tabunge dewek nganti Rp. 400.000!!!
Nah, nggo kanca-kancane nyong sing neng kulon, arep bersyukur apa ora jajal????
Gambar dijukut sekang ngeneh.
yo bersyukur lah kang!
HAH
uedann tuuenan …
matur nuwun mas mendoan, infone nambah semangat
luwih Bersyukur. Syukron.
Apa kabare kang? apik-apik bae mbok alias sehat-sehat?
Kuwe rega gas deneng larang temen! neng daerah ngendi sih? Apa ana sing tuku?
Angger inyong ya mendingan repek neng kebon. Toli akeh tapas, mancung, klari singgaring de de siwiri dadi blukang. Utawane juga ngaggo merang, dami.
Siki biyunge inyong juga angger masak nganggo suluh, soale lenga latung ya larang neng Jatilawang regane siki rp. 3.500-4.000 /liter kuwe bae barange langka.
Mangga mampir mendoane mumpung anget, karo ngunjuk wedang clebek. Matur nuwun ya.
beryukur wae lah kang, tapi kepekso
Hah???
Subhanalloh…., sing waras bae Kang………jyaa….nnn… Larang temen koh…., Alhamdulillah inyong esih nang Banyumas….
berarti regane mendoan nang kono pira Kang??
di sini gak ada yang jualan mendoan, mas… tempenya aja gak ada, cuman tempe biasa yang tebel-tebel ituw.. hiks… ngidam mendoan kok gak kelar-kelar tho, neng?
waduh, denenga angel temen ketone kuwe?
njajal kawit mbiyen pada nanduri klapa, ya mandan mendigan ketone luh. ora perlu tuku lenga. tapi lenga tanah lan gas koh kayane ora bisa gawe dewek. dadi kepri maning ya?
mergane aku isih urip dewek, dadi ya ora pikir mbutuh. ngertine mangan gari tuku, adus gari gebyur, listrik dibayari ibu kos, nyuci klambi ora usah mikir. ketone koh uripe ora angel angel banget luh. senejan pancene ora bisa nggaya.
btw, kapan baline kang?
qpeplaab…
qpeplaab…
Walah deneng sepi temen kang?
Melasi temen dulure nyong dewekan neng ternate, moga2 sehat terus lan ilate ora owah sebab mangane iwak laut dur-duran. Kebeneran nyong duwe kanca wong ternate, moga2 nyong teyeng dolan nganah, dadi teyeng mampir nggone rika ya kang…
Nek tempe mendoan langka ya rika nggolet tempene wong ternate, mbokan pada bae?
lah rika sih wong endi kang……? deneng bahasane medok temen
inyong dadi kemutan angger bali maring kampung ketemu karo wong desane dewek ngomonge pada ngapak-ngapak….jan kayong mbeketaket nemen . inyong tah wong cilongok ngingsor gunung slamet kari rika duwe FACEBOOK ya golet bae mugi firmanto…kesuwun yah kang.
Aja nggersula. Tenang bae sih. Nang endi bae angger wis rejekine kan tetap kudu dilakoni. Iya mbok? Setuju apa ora? Penting ora usah nemen-nemen dipikir. Wong nyong beh wis 14 tahun ora nang umah, demi masa depan. Nek jere wong landa guli ngomong “In shake of a better future” Bener ora ya?
tambah bersyukur neh..