Tonggeret, Reang Ning Ngangeni

Jujur ajur, nyong ora tau isin dadi bocah ndesa. Mbuh kenang apa, tapi nyong ora tau sing jenenge isin. Jere kancane nyong sih dadi cah ndesa kuwe luwih akeh sing dikangeni. Apa maning nggo bocah desa sing pas gede urip neng kota gede. Prasaan kangen kuwe pirang-pirang. Sekang jajan pasar tekan dolanan.

tonggeret

Continue reading

Posted in Endonesya | Tagged , , , , , , | 132 Comments

Biji

Sedulur-sedulur kabeh dong ganu nek bali sekolah sering diinterogasi wong tuwane apa ora? Biyunge nyong ganu sih sregep banget gole takon. Durung madang durung salin klambi, wong nembe gutul ngumah sekang sekolahan, biyunge nyong wis takon-takon.

Ditakoni soal neng sekolah nakal karo kanca apa ora? Kurang ajar karo guru apa ora? Ngrikiti alias nyakoti meja karo bangku apa ora? Trus nek bar ana ulangan, aku bisa apa ora?

biji

Continue reading

Posted in Guyon Ndesa | Tagged , , , , , , , , | 9 Comments